Upacara Adat


https://belajar.kemdikbud.go.id/PetaBudaya/Konten/PetaBudaya/78 

Upacara adat yaiku kegiatan kang ditindakake dening suku utawa kelompok masyarakat kanthi bebarengan lan turun temurun. Ing tanah Jawa mligine ing Jawa Tengah akeh banget diprangguli upacara adat saka metu, manten lan mati.
Upacara adat metu :
  • ngupati
  • mitoni/tingkeban
  • brokohan
  • puputan
  • tedak siten

Upacara adat manten:
  • madik
  • salaran
  • nontoni
  • lamaran
  • singsetan
  • siraman
  • midodareni
  • nyantri
  • panggih
  • balang gantal
  • timbangan
  • kacar-kucur
  • dhahar klimah
  • sungkeman

Upacara adat mati:
  • ngangkatke layon
  • krobongan
  • mitung dina
  • matang puluh
  • nyatus
  • nyewu
  • mendhak


Upacara kang dianakake karo masyarakat sakliyane kang magepokan karo metu, manten lan mati uga ana upacara adat kang dilakoni dening masyarakat kayata: ruwatan bocah sukerta, bersih desa, upacara panen asil tetanen, labuhan, larung sesaji, sekaten, sekaten lan liya-liyane.
Ing tlatah Wonosobo mligine Dieng ana upacara adat kang kawentar yaiku ruwatan cukur rambut gembel. Ruwat (rumuwat) utawa mangruwat nduweni teges ngilangake kutukan, ngilangake memala utawa mbebasake manungsa saka batara kala.
Bocah gembel ing tlatah Dieng magepokan karo Kyai Kaladete, salah sijine pawongan kang melu bubak kutha Wonosobo. Bocah gembel dipercaya titisane Kyai kaladete. Ancas saka upacara ruwatan rambut gembel yaiku nyenyuwun marang Gusti Kang Maha Agung kanggo ngilangi memala lan ngluwari saka pengaruhe kesaktiane roh Kyai Kaladete. Dipercaya masyarakat menawa wis dicukur bocah kasebut bakal slamet uripe.


Previous
Next Post »

3 komentar

Write komentar
Unknown
AUTHOR
26 Juli 2019 pukul 04.55 delete

Bagus bangeet,Indonesia duweni tradisi sing maneko warno,ayo di uri uri, eman eman, akeh tradisi sing wes ilang😊

Reply
avatar
Unknown
AUTHOR
26 Juli 2019 pukul 04.55 delete

Bagus bangeet,Indonesia duweni tradisi sing maneko warno,ayo di uri uri, eman eman, akeh tradisi sing wes ilang😊

Reply
avatar
Widyastuti
AUTHOR
26 Juli 2019 pukul 06.43 delete

Leres sanget mangga sami saiyeg saekapraya tansah nguri-uri kabudayan ingkang adiluhung punika amrih ngrembaka lan boten sirna .

Reply
avatar