DAMAR WULAN NGENGER



Damar Wulan lagi lungguh ijen ing ngarep omah, sajak lagi ngalamun. Atine goreh amarga akeh kancane sing arep golek pengalaman lan ilmu nang kutha. Dheweke duwe krenteg kepengin menyang kutharaja ngabdi ing Kedhaton Majapahit, ananging ora tega ninggalake ibu lan eyange. Damar Wulan pancen wis yatim, ramane biyen patih ing Majapahit seda nalika dheweke isih cilik. Damar Wulan digawa ibune mulih ing desa lan manggon dadi saji karo eyang Begawan Mustikamaya.
Babak 1
Ibu                         :”Damar wulan, ana apa ta, kok sajak goreh. Daksawang kawit mau kowe kok mung nglangut meneng wae. Biasane isuk-isuk wis tumandhang gawe mbantu eyang, kok kawit mau mung lungguh kemul sarung ing ngarep omah.”
Damar wulan         :”Boten wonten napa-napa kok bu, namung kirang sekeca badan kula.”
Ibu                         :”Nek ora kepenak ya kana, ndang tuku obat apa priksa nang dokter.”
Damar wulan         :”Boten sisah Bu, mangke rak mantun piyambak.”
Ibu                         :”Ya, ora! Kudu kokpriksakake mengko mundhak kebanjur. Wis kana ndang, mangkata arep tuku obat apa nang dokter?”
Damar wulan         :”Boten sisah bu, kula boten napa-napa kok.”
Ibu                         :”Piye ta, bocah iki jare ngomong lara, jare ora. Kowe sejatine kenangapa apa mikir apa ta?
Dumadakan eyange Begawan Mustikamaya rawuh.
Eyang                     : “Ana apa kok ribut-ribut?”
Ibu                         :”Niki lho rama, Damar wulan gawe bingunge wong tuwa, cobi rama ingkang mundhut pirsa dhumateng larenipun genahe wonten napa?”
Eyang                     : “Ana apa ta le, menawa ana kang kudu dirembug ayo dirembug bareng-bareng supaya gampang sik ngluwari, aja kok pendem dhewe mengko malah mundhak lara awakmu. Wis blaka suta, cekak aos wae ana apa?”
Damar wulan         :“ Mekaten eyang, sejatosipun kula kepengin dhateng kutharaja Majapahit. Kula kepengin nyambut damel wonten mrika ugi ngangsu kawruh.
Eyang                     :”Oalah, le…le kowe kepengin menyang kutha ta? Wis ora krasan pa, urip ning desa.”
Damar wulan         :”Boten mekaten eyang, kula namung kepengin nambahi seserepan tambahing ilmu. Mbok menawi begjane kula saged pikantuk pedamelan ingkang sae supados samangke saged mulyakaken ibu kaliyan eyang.”
Eyang                     :”Oh kaya mangkono karepmu ta, ya wis menawa kuwi wis dadi tekadmu eyang mung maringi pangestu wae, ananging kowe njaluk ijin dhisik karo ibumu entuk apa ora?”
Damar wulan         :”Kados pundi ibu, kula kepareng punapa boten pados padamelan wonten ing kitha?”
Ibu                         :”Ngger sejatine ibumu abot, ngeculke kowe ing kutharaja. Jalaran kowe durung tau menyang kutha. Mengko kowe nyasar ora bisa bali banjur kepiye ibumu?”
Damar wulan         : “Sampun kuwatos ibu, kula saged njagi dhiri kula piyambak. Eyang sampun maringi ilmu kathah dhumateng kula. Donga pangestunipun ibu mawon, supados samangke kula saged kasil pikantuk padamelan.”
Ibu                            :”Ya wis, menawa mangkono ibu percaya karo kowe. Ibu mangestoni, nanging aja lali menawa sela tilikana eyang lan ibumu!”
Damar wulan         :”Matur nuwun ibu.”
Eyang                     :”Supaya kowe ora bingung satekane kutharaja kowe njujugana daleme Patih Logender. Piyambake isih pamanmu matura menawa kowe wayahe Eyang Manikmaya.”
Damar wulan         :”Kasinggihan eyang.”
Babak 2
Layang Seta lan Layang Kumitir putra kembare Patih Logender lagi dolanan panahan ing ngarep omah.
Damar Wulan        :”Kula nuwun…..kula nuwun……”
Layang Seta           :” Sapa kowe…arep ngapa teka ing omahku? Arep njaluk sumbangan ya?” (sajak curiga marang Damar Wulan)
Layang Kumitir     :”Kangmas, wong kuwi kok sajak nyalawadi (ngomong bisik-bisik karo Layang Seta)
Damar Wulan        :”Nyuwun pangapunten punapa punika leres dalemipun Patih Logender?”
Layang Seta           :”Lha kowe sapa? Arep ngapa nggoleki Ramaku?”
Damar Wulan        :”Kula Damar Wulan saking dusun, kadhawuhan Eyang Begawan Manikmaya sowan Patih Logender menawi sampun dumugi kutharaja.”
Layang Kumitir     :”O….cah ndesa ta,  layak kurang gaul. Terus nek wis ketemu rama kowe arep ngapa?”
Damar Wulan        :” Kula kepengin nyambut damel wonten ing kedhaton Majapahit.”
Layang Seta           :”Oalah kowe arep kerja nanging arep njaluk tulung ramaku supaya kowe bisa ketampa, ngono ta? Wah…..lha menawa kaya ngono kuwi rak jenenge KKN. Ora kena kuwi, kowe kudu usaha dhewe. Penakmen…aku wae biyen melu daftar lan seleksi je….”
Layang Kumitir     :”Kangmas, panjenengan biyen pas seleksi yo jane ora ketampa ta? Nanging merga rama dadi patih trus ketampa ta?”
Layang Seta           :”Hush… meneng wae, aja kokcritakna kuwi ki wadi ora kena crita karo sapa wae!”
Layang Kumitir     :”Njajal ditakoni ijasahe apa, gek..gek…ijasahe mung SD.”
Layang Seta           :”Lha ijasahmu apa lan ketrampilanmu apa?”
Damar Wulan        :”Kula sarjana fresh graduate, kula saged komputer, Bahasa Inggris inggih lancar test TOEFL kula meh 900.”
Layang Kumitir     :”Wah..lumayan pinter. Kangmas panjenengan kalah, test TOEFL ora tau lulus. Les komputer seprana seprene ora ana undhake, ngetik isih salah-salah terus.
Layang Seta           :”Ora usah mbukak wadi, kowe wae isone mung nyontek aku kok. Wis kana ndang diterna sowan rama.”
Layang Kumitir     :”Inggih, Kangmas ngestoaken dhawuh.”
Babak 3
Patih Logender         :”O…kowe iki wayahe Begawan Manikmaya? Ehm….aku ki ya isih kapernah pamanmu.”
Damar Wulan        :”Kasinggihan Paman, kula Damar Wulan badhe nyuwun tulung dipunpadosaken padamelan.”
Patih Logender      :”Aja sumelang… ing Majapahit iki akeh pegaweyan, kowe arep nyambut gawe apa wae ana. Ning ya kuwi…kudu duwe ketrampilan lan pengalaman kerja. Lha…pengalamanmu apa?”
Damar Wulan        :”Rumiyin kalih kuliah kula nyambut damel wonten ing rental komputer kaliyan ojek on line.”
Patih Logender      :”Lha nek nang omah kerjamu ngapa?”
Damar Wulan        :”Kula ngopeni jaran kagunganipun eyang, pados suket lan kayu.”
Patih Logender      :”Oh ngono. (karo manggut-manggut). Ya, wis mengko tak goleke gaweyan njajal sesuk tak takon bagiyan apa sing isih nampa pegawai. Kanggo sauntara nunggu panggilan kowe kerja nang omahku ndhisik.”
Damar Wulan        :”Matur nuwun Paman, lajeng padamelan punapa ingkang kedah kula ayahi wonten ing mriki?”
Patih Logender      :”Padha gaweyanmu karo sik ning desa, goleka suket kanggo jaran-jaranku sing cacahe ana 30 kae!”
Damar Wulan        :” Kasinggihan Paman, ananging punika boten dangu ta, Paman?”
Patih Logender      :”Ya…nonton situasi, menawa ana lowongan ya mung sedelok menawa ora ya, kudu sabar nunggu. Tinimbang ora ana gaweyan golek suket ndhisik ya ora papa ta?”
Damar Wulan        :”Inggih Paman.”
Patih Logender      :”Dadi wong kuwi ya kudu sabar, nyambut gawe kuwi saka sik rekasa dhisik nek tlaten nyambut gawene lan apik suwe-suwe bisa munggah pangkat.”
Damar Wulan        :”Sendika Paman, kula ndherek dhawuhipun Paman mawon.”
Damar Wulan banjur ndherek Patih Logender suwene telung sasi. Saben dina dheweke golek suket kanggo jaran kagunggane Patih Logender. Dyah Ayu Kencana Wungu ratune Majapahit kagungan sayembara sapa sing bisa ngalahake Kebo Marcuwet bakal didadekake garwane. Damar Wulan melu sayembara lan bisa ngalahake Kebo Marcuwet.Wusanane Damar Wulan dadi garwane Dyah Ayu Kencana Wungu ratune Majapahit.

Previous
Next Post »