Pengertian lan Unsur Sandiwara


https://belapendidikan.com/pengertian-teater/

Sandiwara saka tembung sandi lan warah. Sandi tegese wadi/ndelik/kaumpetake/rahasia lan warah tegese kabar/pawarta. Sandiwara ateges pawarta kang sinandi sajrone polah tingkah lan pacelathon. Sandiwara ana kang kagiyarake lumantar radio, tivi, lan ana kang dipentasake. Sandiwara padha karo drama, drama saka basa Yunani kang tegese nindakake utawa aksi. Drama nalika dipentasake nggabungake unsur seni musik, tata lampu, seni dekorasi, kostum, rias lan sapanunggalane.  Sandiwara miturut Ki Hajar Dewantara yaiku ajaran, pitutur, utawa piwulang kang migunakake lambang. Sandiwara wiwit ngrembaka nalika penjajahan Jepang.
     
       
Struktur Sandiwara yaiku:
a.       Plot utawa cengkorongan crita
1)      Exposition utawa nggambarake kahanan kawiwitan (Perkenalan awal).
2)      Kompilasi utawa mulai kawiwitan ana masalah (konflik)
3)      Klimaks utawa puncaking crita.
4)      Resolusi utawa masalah wis bisa diudhari.
5)      Catastrophe utawa pungkasaning crita biasane ana katrangan akhire crita kang dipagelarake.
Plot iki bisa diwujudake babak utawa adegan.
b.      Paraga lan watak
1)      Antagonis
2)      Protagonis
3)      Tritagonis
c.       Pacelathon
Sandiwara kuwi nggambarake kahanan pasrawungan saben dina ing masyarakat. Basa  kang digunakake yaiku basa lesan kang komunikatif. Tembung-tembung ing pacelathon migunakake basa tutur kang ukarane ora kaya basa tulis.
d.      Setting utawa papan kedadean
Setting uga disebut latar crita yaiku papan, kahanan, lan wektu
e.       Tema
Tema yaiku undheraning rembug, tegese baba pa kang bakal dirembug ing sandiwara.
f.        Amanat/pitutur luhur
Amanat yaiku pesen kanggo para pamiyarsa(penonton)
Previous
Next Post »