RUWATAN CUKUR RAMBUT GEMBEL

https://arsipbudayanusantara.blogspot.com/2013/12/upacara-cukur-rambut-gimbal-di-dataran.html

Upacara tradhisi cukur rambut gembel kawentar ing tlatah Wonosobo mligine ing Dieng. Upacara iki wis lumaku mataunan ing Dataran tinggi Dieng lan pereng Sindoro Sumbing kanthi turun tumurun. Larah-larahe ruwatan cukur rambut gembel ana sambung rapete karo salah sawijining pangarsa madege kutha Wonosobo yaiku Kyai Kaladete. Para warga ing Dataran Tinggi Dieng lan pereng Sindoro Sumbing percaya menawa bocah-bocah sing rambut gembel minangka titisane Kyai Kaladete.
Nalika bocah kang rambut gembel wis njaluk dicukur, banjur dietung weton lan neptune. Nanging gandheng saiki wis dadi aset wisata, wis ora kudu weton utawa neptune. Biasane bocah gembel nalika arep dicukur duwe panjalukan. Kabeh panjaluke bocah gembel kudu disembadani menawa ora dipercaya gembele bakal thukul maneh lan lara.
            Prosesi ruwatan kawiwitan kanthi maca donga ing daleme pemuka adat Dieng. Saka daleme pemuka adat bocah gembel kang bakal diruwat dikirab menyang komplek Candi Arjuna. Kirab iki karo nggawa ubarampe sesaji lan apa wae kang dadi panjalukane bocah gembel.
            Kirab ngupengi kawasa Dieng yaiku saka Candi Dwarawati, komplek Candi Arjuna, Candi Gathotkaca, Candi Bima, Sendang Maerokotjo, Telaga Balekambang, Kawah Sikidang, komplek pertapan Mandalasi, kali Kepek lan pemakaman Dieng. Nalika kirab bocah gembel disawuri beras kuning lan dhuwit receh.

https://m.tribunnews.com/images/regional/view/1663439/ganjar-pranowo-jadi-tukang-cukur-rambut-gembel

Kirab mampir ing Dharmasala kanggo nindakake jamasan bocah gembel ing Sendang Sedayu. Nalika mlaku menyang sendhang bocah gembel dipayungi nganggo payungi robyong lan diiringi gamelan Gongso. Banyu kang kanggo jamasan dijupuk saka uk Bimalukar, Tuk Sendang Buana, Tuk Kencen, Tuk Goa Sumur, Kali Pepek lan Tuk Sibido (Tuk Pitu). Banyu kuwi banjur diwenehi kembang cacahe ana pitu (sapta warna). Sawise jamasan rampung banjur digawa menyang komplek Candi Arjuna, papan kanggu nindakake cukur rambut gembel.
Prosesi puncak cukur rambut gembel dipimpin langsung dening Pemuka Adat Dieng, nanging sing nyukur ora kudu pemuka adat. Kadhang dipilih wong-wong kang ditunjuk kayata Bupati lan pejabat pemerintah. Adicara cukur rambut gembel iki ing plataran Candi Puntadewa, komplek Candi Arjuna. Sawise dicukur, rambut gembel diselehna ing cawan kang isi banyu saka Tuk Bima Lukar lan kembang setaman.
Rampung nyukur gembel, banjur dedonga lan tasyakuran. Ubarambe dibagiake kanggo kang nonton. Dipercaya ubarampe kuwi bisa nggawa berkah. Ritual pungkasane rambut gembel banjur dilarung ing Sendang Sukorini, Kali Tulis, Telaga Warna lan kali liyane kang tumuju ing segara kidul.



Previous
Next Post »