ANOMAN DUTA

http://ardiannugroho.com/2019/06/anoman-obong-si-kera-putih-membumihanguskan-alengka.html

Prabu Rama utusan marang Anoman kanggo nggoleki Dewi Sinta ing Alengka kaya kabar kang kapireng saka Jathayu. Dumadakan Anggada putrane Resi Subali teka lan nyanggupi ngemban tugase Anoman dadi dutane. Prabu Rama kuwur penggalihe, amarga  Anoman lan Anggada nduweni kekuwatan kang pada. Pungkasane, Anoman lan Anggada pada pasulayan nudhuhake kekuwatane. Anggada kasoran dening Anoman. Anoman kudu mbuktekake menawa bisa mungkasi titahe Prabu Rama sedina muput.
Sedurunge tekan Alengka, Anoman mampir menyang kahyangan, kanggo nemoni Bathara Surya. Pangajabe Bathara Surya gelem njaga srengenge supaya ora angslup menyang kuloning bumi. Nanging durung nganti tekan Alengka, Anoman wis kelangan arah. Dheweke tiba ing laut, mlebu wetenge raseksa kang aran Wilkataksini. Anoman gronjalan nyadhuki wetenge raseksa mau, pungkasane, Anoman diwetokake.
Tumekeng Alengka, anoman banjur gumantung ing sawijining wit nagasari ing Taman Soka. Kebeneran, Sinta lagi lelenggahan karo Dewi Trijatha putrine Gunawan Wibisana. Banjur Anoman ngandakake apa kang dadi kekarepane Prabu Rama yaiku bakal mapag Sinta ing Alengka. Minangka tandha menawa Anoman dadi dutaning Prabu Rama, Anoman ngaturake ali-ali sotya ludira. Nanging nalika arep pamit bali Anoman konangan dening Indrajit putrane Rahwana. Banjur anoman kapikut lan disowanake Prabu Rahwana.

https://myimage.id/anoman-duta/
Anoman digawa menyang alun-alun Alengka kapatrapan paukuman bakal diobong. Ngadhepi kahanan kuwi wanara seta tatag tanggon tanpa miris. Anoman ora bisa kobong, malah bisa miber karo nyipratake geni ing saindenging kraton Alengka. Anoman kang sekti mandraguna bisa ngobong negara Alengka. Wewangunan lan wit-witan kang diencoki kabeh kobong.
Wusanane, Anoman bisa bali menyang Pancawati bebarengan karo gumingsire srengenge mengulon. Banjur Anoman sowan Prabu Rama nyritakake kedadeyan kang wis dialami ing Alengka. Mangerti critane Anoman, Prabu Rama tan saya makantar kantar atine pengin mboyong Dewi Sinta menyang Pancawati.
                                                            (Kapethik saka maneka sumber kanthi kabesut)




Previous
Next Post »

2 komentar

Write komentar
Adii
AUTHOR
26 Juli 2019 pukul 03.23 delete

Ceritanya bagus dan menarik...
Maaf mau bertanya bu Widy..
Negara Alengka niku diobong sedoyo kaleh Anoman , njuk ajur. nopo namung diobong sebagian nggih ?
Saya penasaran Bu😅
Maturnuwun

Reply
avatar
Widyastuti
AUTHOR
26 Juli 2019 pukul 06.48 delete

ora diobong kabeh mung sebagian praja, kerajaan kuwi akeh bangunan lan amba wilayahe dadi ora kabeh sik di obong

Reply
avatar