Materi Wayang



http://disbudpar.probolinggokota.go.id/ruwatan-dan-pagelaran-wayang-kulit/

Wayang yaiku seni pertunjukan/pagelaran kang kawentar ing tlatah Jawa lan Bali. Kesenian iki akeh dipengaruhi kabudayan Jawa lan Hindu. Tanggal 7 November 2003 wayang ditetepake dening UNESCO dadi warisan budaya asli saka Indonesia (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Wayang mlebu ing Indonesia digawa dening pedagang saka India. Nanging wayang banjur nyawiji karo kabudayan lokal lan ngrembaka ing Indonesia. Tontonan wayang kapisan bisa dimangerteni ing Prasasti Baliting abad ke 4 sing unine si Galigi mawayang.
Nalika agama Hindu mlebu ing Indonesia tontonan wayang dadi media kang efektif kanggo nyebarake agama Hindu. Babon crita wayang saka Kitab Ramayana dan Mahabara. Ramayana minangka anggitane Valmiki/Walmiki lan Mahabarata anggitane Viyasa/Wiyasa. Para Wali ing tanah Jawa mligine Sunan Kalijaga nyebarake agama Islam uga migunakake wayang. Wayang nalika iku migunakake kulit lan nalika dipentasake mung bayangane, mula banjur kawentar wayang kulit, sanajan melu ilining majuning jaman wayang banjur dipentasake dening paraga manungsa kang kawentar wayang wong. Wayang kulit dadi seni pertunjukan tutur amarga sing maragakake mung wong siji kang katelah dhalang. Wayang kulit digawe saka kulit sapi/kebo/wedhus kang diwenehi cat kang maneka warna miturut karakter paraga wayang. Pagelaran wayang kulit utawa pakeliran nalika pentas mbutuhake piranti yaiku:
1.    Cempala         : tlutukan dhalang kanggo ngiringi antawacana lan omongan ing lakon.
www.kompasiana.com/hrayana/54ff5b3ca333111245510427/wayang-kulit-purwa-3-dalang-seniman-serba-bisa-yang-tidak-ada-tandingannya?page=all
2.    Kelir                : layar putih/geber kang dibeber kanggo mainake wayang.
http://sebuahkisah12.blogspot.com/2017/04/normal-0-false-false-false-en-us-x-none.html
3.   Blencong        : senthir/lampu kanggo gawe wewayangan, ing jaman saiki ana kalana migunakake                          lampu listrik.
http://sebuahkisah12.blogspot.com/2017/04/normal-0-false-false-false-en-us-x-none.html
     4.    Kepyak           : digawe saka kuningan kanggo iringane dhalang
https://wayangku.id/pagelaran-wayang-kepyak-lempengan-logam/
5.    Kothak            : wadhah wayang lan kanggo dithuthuk cempala
https://wayangku.id/tata-panggung-wayang-kotak-peti-terbuat-kayu/
6.    Debog             : kanggo tancepan wayang
https://wayangku.id/properti-wayang-debog-batang-pisang-untuk-tancap/
 7.    Gamelan         : kanggo ngiringi wayang
Paraga ing wayang kulit:
1.    Dhalang           : wong kang ngalokake wayang
2.    Niyaga             : wong kang nabuh gamelan kang ngiringi pagelaran wayang
3.    Sindhen           : wong kang nyanyi nalika dhalang nglakokake wayang, sindhen uga katelah waranggono.
Crita wayang Ramayana kaperang ana 7 kanda yaiku:
1.     Balakanda: nyritakake Raja Dasarata raja ing Ayodhya kagungan garwa telu yaiku: Dewi Kosalya, Dewi Kekayi lan Dewi Sumitra. Dewi Kosalya peputra Rama, Dewi Kekayi peputra Barata lan Dewi Sumitra kagungan putra loro yaiku Laksmana lan Satrugna. Rama melu sayembara ing Wideha lan kasil mboyong Dewi Sinta dadi garwane.
2.    Ayodhyakanda: nyritakake Dasarata bakal misuda rama dadi raja ananging dialangi dening Dewi Kekayi kang nagih janji amarga Dasarata wis janji bakal menehake warisan praja marang putrane yaiku Barata. Rama, Sinta lan Laksmana banjur ngumbara menyang alas Dhandaka lawase 14 taun. Sapungkure Rama ninggalake praja Prabu Dasarata seda amarga nandhang sungkawa. Barata banjur nggoleki Rama lan menehake praja marang Rama, ananging rama ora gelem tetep dhawuh marang Barata supaya tetep dadi raja ing Ayodhya. Kanggo symbol minangka Barata dadi wakile Rama kang merintah praja diwenehi sandale Rama.
3.   Aranyakanda: nyritakake Rama lan Laksmana paring pambyantu marang para tapa kang diganggu para raseksa. Laksamna banjur diganggu dening raseksa Sarpakenaka kang malih dadi wanita ayu. Laksamana ora kapilut karo Sarpakenaka malah nugel irunge Sarpakenaka. Sarpakenaka nesu banjur ngadu marang kakange Rahwana, lan ngrayu supaya nyulik Dewi Sinta. Rahwana direwangi Kala Marica kasil ndhusta Dewi Sinta kanthi ngapusi cara kang culika. Kala Marica malih dadi kidang kencana lan nggawe Dewi Sinta kesengsem. Dewi Sinta njaluk dicekelake kidang kencana marang Rama. Amarga rasa tresna marang sang garwa Rama banjur mbujung kidang. Kidang malihane Kala Marica pancen lincah anggone nggodha Rama. Amarga rasa jengkel kidang banjur dipanah satemah malih dadi raseksa maneh. Panjerite Kala Marica nalika dipanah diduga swarane Rama. Dewi Sinta banjur dhawuh supaya Laksamana nututi Rama. Laksmana wis janji marang rama menawa dheweke bakal ngancani Dewi Sinta, mula dheweke ora gelem nututi Rama. Laksmana ora percaya menawa kuwi swarane Rama. Dewi Sinta banjur nudhuh Laksmana menawa dheweke sejatine duwe melik marang Dewi Sinta. Laksmana banjur nusul Rama, ananging sadurunge lunga dheweke nggawe bunderan kang sekti supaya Dewi Sinta ora ana kang nyedhaki. Rahwana malih dadi pengemis lan kasil ndhusta Dewi Sinta. Nalika ing gegana Rahwana diadhang dening Jatayu. Jatayu kasoran nganti sengkleh swiwine perang tandhing karo Rahwana. Nalika tiba ing bumi Jatayu ketemu karo Rama lan nyritakake menawa Dewi Sinta diculik Rahwana digawa menyang Alengka.
4.    Kiskendhakanda: nyritakake Rama sungkawa penggalihe amarga ilange Dewi Sinta. Nalika tekan alas Resimuka Rama ketemu Anoman kang njaluk pitulungan supaya nulungi pamane yaiku Sugriwa ngalahake Subali. Subali mati kena panahe Rama, Sugriwa banjur suwita marang Rama lan gelem paring pambyantu nggoleki Dewi Sinta.
5.    Sundarakanda: nyritakake Anoman menyang negara Alengka minangka dutane Rama nggoleki sisik melik Dewi Sinta. Anoman kasil ngobong negara Alengka.
6.  Yuddhakanda: nyritakake Rama kang dibantu Sugriwa lan bala tentarane nyerang negara Alengka. Bala tentara Sugriwa kang awujud wanara nggawe jembatan kanggo nyebrang menyang negara Alengka. Nalika mbangun jembatang ing samudra akeh rubeda nanging bisa dikalahake. Wusanane bala tentara wanara kasil mbedhah negara Alengka lan Rama ngalahake Rahwana. Dewi Sinta kasil kaboyong menyang negara Ayodhya, nanging sadurungu Dewi Sinta mbuktekake menawa dheweke isih suci kanthi diobong nanging dheweke ora papa.
7.    Uttarakanda; kitab tambahan kang awujud prosa, nyritakake Sinta kang disingkirake menyang alas amarga rakyat Ayodhya ora percaya menawa Dewi Sinta isih suci. Dewi Sinta kagungan putra kembar yaiku Lawa lan Kusa. Lawa lan Kusa banjur dadi muride Resi Walmiki. Ing sawijining dina Resi Walwiki dhawuh marang putra kembar mau macakake crita Ramayana ing ngarepe Prabu Rama. Saka crita kuwi Prabu Rama mangerteni menawa Dewi Sinta isih suci. Dewi Sinta mbuktekake maneh marang Rama menawa dheweke isih suci kanthi njaluk marang dewa supaya bumi gelem mbelah lan ngubur Dewi Sinta. Nalika Dewi Sinta kekubur ing bumi Rama njaluk supaya Dewi Sinta dibalekake nanging wis ora bisa.

Previous
Next Post »

2 komentar

Write komentar
Unknown
AUTHOR
26 Juli 2019 pukul 04.02 delete

Materinipun lengkap.kula dados mangertos perwayangan. Langkung lengkap menawi crita Mahabharata ugi dipun bahas kados crita Ramayana ingkang sampun dipun tulis.

Reply
avatar
Widyastuti
AUTHOR
26 Juli 2019 pukul 06.45 delete

matur nuwun panyaruwenipun, inggih mangke kula jangkepi materi Mahabarata

Reply
avatar