DHANDHANGGULA SERAT WULANGREH


Pada 1
Pamêdhare wasitaning ati
cumanthaka aniru pujangga
dahat mudha ing batine
nanging kêdah ginunggung
tan wruh lamun akèh ngèsêmi
amêksa angrumpaka
basa kang kalantur
tutur kang katula-tula
tinalatèn rinuruh kalawan ririh
mrih padhanging sasmita

Pada 2
sasmitaning ngaurip puniki
mapan ewuh yèn nora wêruha
tan jumênêng ing uripe
akèh kang ngaku-aku
pangrasane sampun udani
tur durung wruh ing rasa
rasa kang satuhu
rasaning rasa punika
upayanên darapon sampurna ugi
ing kauripanira

Pada 3
jroning Kuran nggoning rasa yêkti
nanging ta pilih ingkang uninga
kajaba lawan tuduhe
nora kêna dèn awur
ing satêmah nora pinanggih
mundhak katalanjukan
têmah sasar-susur
yèn sira ayun waskitha
sampurnane ing badanira puniki
sira anggêgurua

Pada 4
nanging yèn sira nggêguru kaki
amiliha manungsa kang nyata
ingkang bêcik martabate
sarta kang wruh ing kukum
kang ngibadah lan kang wirangi
sukur olèh wong tapa
ingkang wus amungkul
tan mikir pawèwèhing lyan
iku pantês sira guronana kaki
sartane kawruhana

Pada 5
lamun ana wong micarèng ngèlmi
tan mupakat ing patang prakara
aja sira age-age
anganggêp nyatanipun
saringana dipun barêsih
limbangên lan kang patang
prakara karuhun
dalil kadis lan ijêmak
lan kiyase papat iku salah siji
anaa kang mupakat

Pada 6.
ana uga kêna dèn antêpi
yèn ucul saking patang prakara
nora enak lêgêtane
tan wurung tinggal wêktu
panganggêpe wus angêngkoki
aja kudu sêmbahyang
wus salat katèngsun
banjure mbuwang sarengat
batal karam nora nganggo dèn rawati
bubrah sakèhing tata

Pada 7
angèl têmên ing jaman samangkin
ingkang pantês kêna ginuronan
akèh wong jaja ngèlmune
lan arang ingkang manut
yèn wong ngèlmu ingkang nêtêpi
ing panggawening sarak
dèn arani luput
nanging ta asêsênêngan
nora kêna dèn wor kêkarêpannèki
pêpancène priyangga

Pada 8
ingkang lumrah ing mangsa puniki
mapan ki guru kang golèk sabat
tuhu kuwalik karêpe
kang wis lumrah karuhun
jaman kuna mapan ki murid
ingkang padha ngupaya
kudu anggêguru
ing mêngko iki ta nora
kyai guru naruthuk ngupaya murid
dadia kanthinira

Tegese ing Bahasa Indonesia:
Pada 1

Uraian nasihat ini bermula dari kelancangan hati berniat meniru para pujangga, padahal (aku) sangatlah bodoh. Tetapi karena ingin disanjung, tidak tahu jika kelak banyak yang mencibir. Memaksakan diri untuk menciptakan, (meski) dengan bahasa yang kacau balau bahkan tersia-sia, namun (hal ini) kususun dengan teliti dan sabar, semoga isyarat ini menjadi jelas.

Pada 2

Syarat dalam kehidupan ini, tidak mungkin kau pahami jika kau tak mengetahuinya, tidak akan memiliki ketenangan dalam hidupnya. Banyak yang mengaku dirinya sudah memahami isyarat (dalam hidup), padahal belum mengolah rasa, inti dari rasa yang sesunguhnya. Oleh karena itu, berusahalah (memahami makna rasa itu), agar sempurna hidupmu.


Pada 3

Di dalam Al-Quran tempatmu mencari kebenaran sejati, hanya yang terpilih yang akan memahaminya ,kecuali atas petunjuk-Nya. Tiadk boleh dicampur-adukan, tak mungkin kau temukan (kebenaran isyarat), bahakan kau semakin tersesat. Jika kau menghendaki kesempurnaan dalam dirimu, maka bergurulah.

Pada 4
Meskipun begitu, jika engkau berguru, Nak. Pilihlah guru yang sebenarnya, tinggi martabatnya, memahami hukum, dan rajin beribadah. Syukur-syukurjika kau temukan seorang pertapa yang tekun dan tidak mengharapkan imbalan orang lain, dia pantas kau gurui. Serta ketahuilah

Pada 5
Jika seseorang berbicara tentang ilmu, tetapi tidak sesuai dengan empat hal, janganlah engkau terlalu cepat menganggap benar adanya. Saringlah agar bening dan ukurlah dengan empat hal, yaitu dalil, hadis, ijmak, dan kiyas. Salah satu dari keempat hal itu harus ada yang sesuai.

Pada 6
Tidak boleh kau terima (isyarat) jika lepas dari empat hal tadi, karena biasanya tidak baik. (kau akan) merasa sudah menjalankan ‘laku’ sehingga yidak harus sembahyang, akhirnya meninggalkan syariat, tidak perlu tahu mana yang haram dan batal. Hal itu akan merusak aturan.

Pada 7
Memang sulit mencari seseorang yang patut kau gurui di zaman ini. Banyak yang menjajakan ilmu tetapi jarang yang mengikutinya. Jika seseorang berilmu dan menjalankan lakunya dengan benar, malah  dianggap salah. Namun itu hak masing-masing, tidak boleh kau samakan keinginan orang, masing-masing memiliki perbedaan.

Pada 8
Yang biasa terjadi pada masa kini adalah guru yang mencari murid, itu tampak sangat ironis dengan kebiasaan yang terjadi di masa lalu. Zaman dulu murid yang berusaha mencari dan harus berguru, sekarang tidak begitu, malah guru yang ke sana ke mari mencari murid. Jadikan sebagai pengangan (kanthinira merupakan isyarat pola tembang berikutnya, yaitu Kinanthi).

First